Tuesday, September 4, 2007

Pelajaran urip soko Mbah "Mat Dinomo"







Jenenge Mbah Mat Dinomo umure wis nyedaki 80 taun utowo luwih...aku ora weruh la wong sing nduwe umur dewe yo ora apal...... Dalem'e ono ing daerah mBerbah Sleman ono ing deso sendang Tirto...iku miturut hasil wawancara ku
Pawongane jan ora ndayani wis tuwek, kuru, kulite kriput tur ireng..untune ugo akeh sing wis ompong nanging anggone nganggo klambi mesti rapi lan nganggone kopyah mesti jejeg tur resik....ning yo kuwi anggere tekan omah ku yo ora mesti ....jan ora mesti sesasi pisan...sok wis ono ning ngarep omah celuk-celuk....nawarake dagangan ne nanging yo kuwi sing di edol yo sok-sok ra mesti ...kadang kacang godog,kadang yen usum jagung yo jagung godok....nanging sing sering di dol yo iku tape ketan putih di bungkusi godong gedang ,tape ne enak lan legine amit-amit
Mbah Mat iki kelebu wong tuwo sing ora iso meneng ...kejaba ngono ugo wong tuwo sing ora gelem nggantungke urip marang anak'e.angger di takoni olehe wis tuwo kok isih dodolan ...dewe'e karo ngguya-ngguyu nerang ne yen olehe dodol iki sak jane kanggo hiburan lan njogo tali silaturahmi karo lenganan-lengganan'e yo mung sesasi ping loro olehe dodolan,dudu masalah duwite nanging olehe seneng ketemu priyayi...priyayi Agung tur pinter kanggo nglantipne (menajamkan) pikiran ...ngono kandane nalika tak takoni olehe dodol kok ora ajeg.
dek minggu kepungkur Mbah Mat sing uwis suwi ora tau katon ,sore kuwi teko...wancine sak bubare maghrib tapene kari 20 bungkus pangaji patang ewu ...tapi yo ora tego yen mung menehi duwit patang ewu yo sak ora-orane rong puluh ewu kanggo pantes-pantes ngijoli olehe krenggosan nggenjot sepeda.....
matur nuwuuun jeng ayu...kandane mbah Mat...aku banjur takon menyang ngendi wae kok suwe ora katon....jawaban'e olehe suwi ora katon ing wilayah kerto mergo saiki diurutke anggone sambang-sambang ono daleme priyantun-priyantun Agung, mergo sakniki kathah ingkang jengkar lenggahipun( nek gak ngerti iku artine Pindah omah...oce),sakniki kathah ingkang pidalem(punya rumah) dateng jalan Kaliurang...meniko lak tebih to ... jeng ayu.....
Kok isih setia to mbah sampeyan nekani siji-siji....wooo nggih jeng ayu lha kulo mesti dipeseni....ojo lali mrene lo mbaaah ra ketang sesasi pisan....horooo...kulo lak perkewuh menawi mboten tindak mriko....(bacalah dengan aksen yogya yg asli untuk lebih menghayati...)...oooo dadi tape mu kuwi sak jan-jane mung oleh-oleh to mbah....trus sukur-sukur di ganti ongkos leh ngonthel sepeda...rak ngono to mbaaah.....Lereeees jeng ayu...(karo isin-isin....)
Banjur aku takon...mbah olehmu dodolan iki wiwit kapan.......................oooo sampun dangu Jeng ayu....wong jaman taun sewidak gangsal (65) kulo sampun sadeyan..., lah jaman susah opo sing mbok dol mbah.....nggih werno-werno jeng ayu......opo yo payu...mbah???? nggih payu den ayu wong kulo ajeg sowan dateng griyo utawi kantoranipun ....walah opo ra di dukani....lha kulo prinsip'e anggere ora colong jupuk(maling),jujur,lan purun rekaos mesti rejeki meniko wonten ke mawon........o ngono to mbaaah...la inggih jeng ayu!!! wong sok kadang kulo malah diparingi benteran...(di kasih minum teh/kopi panas)
mbah Mat banjur nyambung omongan....yen perkawis artho jeng ayu...pinten kemawon mboten bakalan cekap...rejeki meniko sampun wonten ingkang ngatur...diparingi pinten kemawon kalihan gusti nggih kawulo tampi...wong sukur-sukur di paringi.....roda uripe menungso meniko mubeng....sok wonten inggil sok wonten ngandhap...nanging mboten selawase ingkang dateng nginggil terusan dateng nginggil menawi sampun tibo pesthi ne saget mawon dateng ngandhap....kulo rumiyin ndek rikolo jaman susah taun sewidak enem...natos ngeyup amargo udan deres dateng terasipun priyantun agung,,,,lajeng ingkang kagungan griyo nundung( mengusir) kulo kalihan ngendikan...ngalih...ngalih...ojo ngeyup neng kene....lha menopo den....?wingi kae ono wong sing ngeyup banjur sandalku ku ilang...wes kono kowe ngalih mengko sandal ku ndak ilang meneh....lajeng kulo jawab...lha niki taksih deres den......yo pokoke ngalih kono.......nggih pun kulo banjur ngalih...ngeyup dateng griyo cedhakipun...eeeh lha kok ndilalah jeng wonten angin ribut ageng sanget .....lha kok wonten wit klopo ambruk pas ngebruki teras kalihan piyantun ingkang nundung kulo...walah mbah.....
wonten priyantun jumenengipun rumiyin dateng Paku Alaman priyantunipun sabar lan welas asih jeng ayu nanging putranipun kathah..... rumiyin menawi kulo sadeyan kacang mesthi telasipun dateng mriku laaa putranipun kathah lajeng dagangan kulo di borong sok malah kulo dipun paringi jatah gendis kalihan teh/kopi...kalihan rasukan...nggih sak meniko putranipun sampun dados priyagung dateng jakarta...wonten ingkang dados Dokter,wonten ingkang jumeneng dados komandan tentara...puuun...tooo pokok'e sukses....laa nggih meniko Jeng ayu pengalaman kulo sak lawase urip niki....
Sore kuwi siji meneh pengalaman lan pelajaran urip wis tak tompo terkadang Gusti Allah maringi pepiling ora milih sopo sing arep menehke ora liwat soko tokoh/priyayi agung nanging yo mung liwat wong sing koyo mBah Mat Dinomo....bakul tape sing kadang ora kepetung ning bayangane urip awake dewe.

2 comments:

Pengelana Jiwa said...

mba, aku mung moco tulisan loro neng blok sampean. critane mbah Mat Dinomo karo TKI iku. uaaapik tenan mba. Aku nganti mbrebes lho mba moco perjalanan hidupe mbah Mat...:-)

Emojo said...

Kula remen sanget kaliyan crito niki. Sakmeniko mbah Mat Dinomo nopo taksih gesang?
Maturnuwun..