Tuesday, June 12, 2007

Suporter bal kebablasan













Bal salah siji dolanan sing paling di senengi minongko awakke dewe isih podo cilik. Ora bocah lanang utowo wadon anggere ketemu ukoro bal mesti langsung mbungahi,ojo kok bocah uwong sing wis gede tuwo terkadang yo sih kedanen dolanan bal embuh kuwi tenes,golf,volly,utowo bal-balan,kabeh mau jenis olah raga sing kanyoto nganggo bal sing dadi alat e.
Omong-omong bal-balan ono siji perkoro sing ora di pisah ke karo olah raga kuwi yo iku penonton bal-balan sing kondang di arani " suporter sepak bola" oleh ku gumun anggere ono bal-balan ning stadion embuh ngendi musuh ngendi kok olehe rame ora karu-karuan...ojo meneh ning stadion neng omah ku iki anggere tipi nyiarke bal-balan olehe podo umek arep ndelok koyo wong arep podo selak ngungsi mergo ono gunung njeblug....edan tenan kih...

kabeh gawean ditinggal prung...sing nyapu yo banjur di seleh sapune,sing nembe siram-siram trus selange di seleh nganti lali mateni kran e,sing lagi turu awan trus tangi kemule mung di uncalke ora di lempiti,la sing lagi mangan langsung pindah olehe mangan ning ngarep tipi iku sing bal-balan siaran sore. yen sing siaran bengi ono sing marakke sebel isuk e ,yoiku kabeh bocah-bocah sing ono ning omah ku angel di tangekake. wis jan ra ngreken kewajiban blas kabeh.....!!

Iku mau salah siji Ke ampuhane,sing jenenge Bal anggone , narik perhatiane wong sing podo ndelok olah raga kuwi. Gedhe,cilik ,tuwo lan mudo,lanang lan wadon anngere ono siaran langsung bal-balan mesti akeh singmbanjur nonton karo nderedeg campur seneng arep-arep kesebelasan jagoane menangi pertandingan


Wong sak omah yo ngono sing paling tuwo karo bocah2 cilik neng omah kabeh nggandrungi bal-balan ora preduli sing main sopo anggere ono bal-balan banjur njenggirat ngrubung tipi kabeh...ning oleh ku gumun ki wong ning nJero ngomah ono tipi sing gede..la keno opo kok podo seneng nonton ning teras mburi turno tipi ne mung 14 inch...kamaongko sing neng nJero 30 inch. Nek miturut saurane bocah2 yo iku enak ning teras mburi rame ,tur guyub alias nek bengok-bengok iso banter...weeeeh.
  • Wingi ndilalah kok sing main Tim Nasional Indonesia ...nglawan Hong kong...byuuuuh polahe sing nonton....dudu sing nonton ning Senayan nanging sing Nonton ning teras mburi olehe kebacut...seneng mergo timnas menang ,aku sok yo kudu ngguyu dewe yen sing nonton wis podo umuk-umukan nyritakne kesebelasan Andalane,sing paling sering yo kuwi antara Arema Karo persebaya...maklum bocah ku ono sing asal Suroboyo lan malang...tur meneh terkadang olehe serius eyel-eyelan nganti di gowo tukaran tenanan...banjur sesuk e terus ijir-ijiran gawean...,yen wis mengkono sing susah aku...gawean e ,omah banjur awut-awutan. Ning sing marake mangkel yo iku yen ono tonggo sing banjur ngelikake yen ojo bengok-bengok..weleh isin ku lhaaa....nanging kepriye la wong nonton bal-balan kok ra nganggo bengak-bengok ...boso ne bocah jakarta " GAK ASIK JEEEEK", dadi yo wis ben anggere kabeh seneng mergo nonton Bal-balan.




















Monday, June 11, 2007

Bakul Janganan "funky" ( opo Gendheng)











Isuk kang adem lan sepi....koyo biasane tandang gawe ne uwong sak omah kang ubek....nyiapne kanggo keperluane dewe-dewe...sangu kanggo nglakoni pegawean kanggo awan mengko,kabeh kudu dipersiapne kanti temenan.

isuk kang ayem sak wise bocah-bocah ku mangkat sekolah,wektu paling pas kanggo nerus ke turu....nanging nyonggo tanggung Jawab ngopeni bocah akeh ning omah ora biso sinambi leha-leha utowo enak-enakan,kepiye mangane bocah-bocah lan konco-konco mburi kudu di pikirne

Manggon ono ing kawasan sepi ono enak lan orane ...yen penak e mestine wis iso dikiro-kiro dewe opo....tapi yen orane yo iku salah siji masalah blonjoan....janganan...panganan ...sing iso di arani kebutuhan pokok wong sak omah...durung meneh yen ono tamu sing nginep walaaaah kudu sedio akeh,nanging wong jenenge wae ketamon onone yo mung seneng ora perduli olehe masak dadi dobel.

Laa ning kene iki olehku arep cerito ,ono salah siji bakul janganan sing dadi langgananku,(ono loro lanang ,karo wadon)..naaa sing arep tak critake iki sing lanang...embuh tekan ngendi muasal e...kok moro ono bakul janganan sing bengok-bengok ning ngarep omah.....mbengok e ora "sayuuuurrr....sayuuuuur" koyo adat e....nanging mbengoke..."wadooooowwwww.........wadooooouuuw.....",opo maksud e, sampek dino iki aku yo ora weruh,yen tak critake dedeg e ,bocahe sak jane ora pati menarik....kuru meyeyet cenderung melasi alias katon ora ndayani,nanging polahe jan pecicilan nganti bojoku takon ,"anak e sopo to kuwi ma kok olehe polah ora karu-karuan?", la yo atase bakul janganan kok polahe koyo jathilan. masalah jeneng yo ngono ...embuh kok yo ora ono wong weruh jenege sopo,mung aku sok menehi julukan utowo yen nyeluk dewe'e "Nidji" ,perkoro anggonku menehi jeneng "Nidji" iki mesti yo ono alasanne,alasan sing jelas

1) aku ora ngerti jenenge bocah kuwi

2) Rambute kriting kribo mumbul koyo Giring penyanyine grup band Nidji

3) polahe pecicilan yo koyo penyanyine Nidji yen lagi manggung, lagune ra sepiro 'o tapi gayane byuuhhh....byuuuhhh....

Amargo 3 alasan kuwi aku banjur njenengi dewek e "Nidji",wis mbuh jeneng asline sopo ojo takon.

Carane Nidji dagang iso di arani unik lan kelebu coro dagang strategi anyar yen boso bocah saiki Inovasi baru...ngono yooo. Kabeh dagangan ne di bunteli cilik-cilik nganggo plastik di wenehi bandrol rego mulai Limang atus,sewu,rong ewu nganti sing paling larang sepuluh ewu sak plastike.miturut jenis ...koyo bongso bumbon mulai brambang ,bawang, tumbar ,mrico,empon-empon...di bungkusi cilik-cilik roto-roto di bandrol limang atus nganti sewu. Jenis sayur mulai wortel,sawi,labu lan sak piturute di bandrol sewu nganti limang ewu. lha yen jenis lawuh-lawuhan mulai tahu,tempe pitik,lele lan sak piturute di bandrol rong ewu nganti lima las ewu,dadi deweke yen ngitung blonjoan kari ndelok pirang plastik sing di jupuk...praktis tapi megel ne, piye leh ora mangkel bayem sak unting sing biasane mung pitung atus yen wis di plastik dadi sewu... ora ono rego sing ganjil kabeh genep. Kok yo pinter olehe akal-akalan iku lho,kabeh diplastiki kanti apik , lan seragam olehe noto di gawe racak lan menarik. Strategi dagang sing patut di conto,karo bakul bakul liyane.

Walah yen teko suarane banter lan sok akrab anggone celuk-celuk wong sak ngomah...,'wadooooouw wadoooouwwww....yuuuhuuuu...belanja gak neeeeh"...logat omongane koyo wong Sundo...,wis ngono nek nyeluk aku yo podo awurane...kadang Tante,kadang ibuuu....sok-sok Umi...malah kadang bu Haji(...???!!!) coba to olehe ngawuuur..!!. Yen teko banjur mlebu dapur njupuk kranjang kanggo adah blonjo tanpo di kongkon...terkadang trus njaluk kopi trus nggawe dewe ning mburi karo nyanyi-nyanyi joged an dewe gak jelas karepe...tak umbar wae anggep wae hiburan nanggap Jathilan gratis.

Nanging akhir-akhir iki kadang klakuane njengkelke yo iku tekane mulai ora ajeg,soook isuuuk....sok awan...malah kadang ra teko tanpo kabar...weeela kadung di jagak ne ki njur piye to...dJiii...dJiii...

Saiki ono semboyan ning omah sing marakke ngguyu-ngguyu mangkel yo iku ,"Pagi kurang lengkap tanpa Nidji" jare cah-cah mburi

Dino...iki arep masak opo,dino iki lawuhe opo, oalah...Nidji-nidji...tak enteni tekamu....."wadouuuuwww...."

Friday, June 8, 2007

National Orchid Garden






















  • Pisan-pisan ora mikiri blonjo yen lagi ning Singapura....opo iso...??? iso wae anggere awakmu ono ning taman anggrek'e singapura sing misuwur apik lan asri. Wis ono kaping telu iki anggere pas aku lungo menyang Singapura tak sempat-sempatke mampir ning taman anggrek kuwi....howo kang adem pemandangan sing endah...kabeh ndadekake kesenengan anggone blonjo werno-werno dadi iso dilalekne....(sithik....hehehe...)


  • Ke endahan olehe ngatur tanduran Anggrek lan liya-liyane sing manggon ing kawasan Botanic garden,nggawe betah moto lan awak sing ngrasakke....coba dirasakke semiliring angin lan segere howo ning kawasan kono mung marakke betah ora mung menungso ,yo kuwi kewan, open-openan koyoto...kirik iyo ngrasak ne seneng menowo di ajak nDoro ne mlayu-mlayu utowo mlaku-mlaku...karo cengengesan...(sumpah aku tau di cengengesi kirik ning kono....weeee) kanggo sarana olah raga mlaku,mlayu lan senam ugo nyeneng ke....nanging sing luwih spesial yo iku kanggo penganten sing kepingin foto-oto mantene ketok apik tur alami( iku lo foto-foto prewedding sing lagi usum....sayange aku wis dadi manten coba durung.....)
    Yen wis melebu ing kawasan taman anggrek waduhhhh...iki sing jenenge moto iso eman kanggo kedep....pemandangan kembang anggrek sing di toto sak pontho-sak pontho miturut jenise...ndadekne suasana asri lan seger
    Miturut keterangan buku panduan'e anggrek wis ono ning botanic garden soko tahun 1859...lan saiki luwih tekan 1000 spesies lan 2000 hybrida utowo silangan jenis anyar sing saben tahun terus-terusan di anyari


  • Jam setengah songo awan wis bukak...mengko tutup'e jam 7 sore rego tikete $5 sin kanggo wong gede lan $1 sin kanggo bocah lan wargo kasepuhan.ono jalure kanggo grasakke nganti ngemat endahing kembang anggrek iku ning salah siji panggon sing ono yo iku Vip orchid garden ono kembang anggrek hasil silangan sing diwenehi jeneng nganggo jenenge tokoh-tokoh dunia...mulai Nelson Mandela,Lady Diana sampek Anggrek Madame Tien Suharto...(warnane belang-belang koyo batik), ono panggonan sin di wenehi jeneng "Tan Hoon Siang" mist house...ketoke ning panggon iku kanggo anggrek-anggrek sing jenise langka di budidayake maneh supoyo ora banjur punah,yen kepanasen lan kesumuken mergo mlaku ojo kuwatir ono panggonan sin di arani Cool House isine anggrek-anggrek soko panggonan sing hawane Adem mulo ning njero cool house di wenehi pendingin udara...kareben tandurane ora mati ...la awak mu iso ngadem ning kono di jamin seneng lan seger.
    Jebul ora mung agrek wae sing ono ing kono tanduran bromelia ugo ono luwih soko 300 jenis asli lan 500 jenis silangan hybrida di koleksi ing Yuen-Peng McNeice Bromeliad Collction.
    Mangkane yen ning Singapura ojo blonjo tok yaaa...akeh lo sak jan-jane panggonan sing iso di tekani sing miturut aku lumayan kanggo ngumbah moto lan pikiran...soko setress amergo urip melu ombyaking donya....(weleh....)








Ketabrak....




Den mas Miki belajar numpak sepeda....
Nabrak simbah sing lagi nyapu latar
Simbah : Opo kowe ora iso nge bell to Miiiik....simbah kaget iki loooo.....!!!!
Miki : Aku iso nge bell mbahhhh....nanging aku durung iso numpak sepeda.....!!!!
Simbah :...woooo ...!!!!

Saturday, June 2, 2007

Mlaku-mlaku ning Malaysia (2)











Tgl 20 Januari 2007 ...prei an sekolah sak jan e wis keliwatan....nanging amergo pas preian aku karo bojo ku ora sempat ngajak mlaku-mlaku...anak-anakku , mumpung kesempatan lan wektu longgar'e , ono nekad-nekadan bocah-bocah banjur tak kongkon siap-siap...kanggo mlaku-malku ning Malaysia.
Budal isuk liwat bandara Soekarno-Hatta jakarta numpak Airasia....,koyo saben-sabene...mudun ono ing...LCCT disambung numpak Bis werno abang...bocah-bocah katon seneng sanajan ngantuk amargo budhale isuk banget.aku nginep maneh ning Hotel Vistana ,entuk bagian kamar sing podo..aku milih hotel kuwi maneh amergo panggonane stratwgis cedak karo stasiun lan terminal.

"jer Basuki Mawa Bea"...tembung paribasan iki pancene akeh bener'e nanging yen dirasak-rasakne sak tenan'e "Bea" utowo biaya ...kanggo lelungan piknik koyo kuwi keno di irit piye supoyo yen mulih ,kantong ora bener-bener kakehan bolong,ono pirang coro sing wis njajal tak lakoni ...umpamane...
*) kareben Murah pesen'o tiket pesawat rodo adoh dinane
*) yen wis tekan kuto Tujuan,golek obyek wisata sing mlebune ora usah mbayar
*)golek nggon tuku oleh-oleh sing murah meriah
*) ono pirang pilihan obyek wisata yen tuku karcise liwat E mail
reganerodo murah Reduksi karcise tekan 20 %,conto : Sunway lagoon,aku tuku karcise liwat E mail dadi yo rodo murah
*) golek nggon mangan sing regane murah sing penting resik.




Tekan hotel bocah-bocah banjur adus lan diterusake mlaku-mlaku njajal sepur LRT tujuan menara kembar petronas....obyek wisata sing ora mbayar tapi bener nyenengke kanggo bocah-bocah opo maneh ning kono di sediani werno-werno fasilitas sing iso di jajal gratis.Munggah menara salah siji wahono sing kudu di jajal bocah-bocah...mesti ndadekne senenge bocah tur gratis....
Yen wis kroso luwe banjur menyang suria KLCC panganan werno-werno kabeh ono ning kono...aku karo anak bojoku njajal mangan ning Nando roast chicken, ojo mbayangke rupane pitik'e koyo ayam panggang jowo opo maneh koyo ayam bakar klaten ...adoooh...iki pitik'e lemu-lemu(koyo aku...hehehe) pesen siji kanggo wong papat marakne klenger...asli klenger durung ditambah ubo rampe ne,koyo to....potato mash,kentang goreng, selada sayuran,jagung godog lan sego goreng...ndadekne weteng karo cangkem meneng cheep...!!! mergo kewareg en.
Amargo anak-anakku wis ngantuk aku enggal bali ning hotel
Isuke anakku wis janjian karo bojoku menyang genting...numpak bis soko terminal sing ning kiwane hotel Vistana anggonku nginep,aku ora melu milih mlaku-mlaku dewe golek oleh-oleh lan ngumbah moto...tujuan pertama endi maneh sak liyane ning Jalan putra ..ning toko-toko pemborong alat-alat rumah tangga, naaaa... dino kuwi aku kebegjan nemu sarung bantal kursi sing motife..aneh lan sing motife natal...yoh lumayan kanggo natalan taun ngarep , bosen ning kono tak sambung numpak monorail ...mlaku sithik ning stasiun Chow kit banjur mudun ning bukit bintang....dino kuwi suasanane Mall bukit Bintang rame tenan...kadingaren sampek jubel-jubelan,golek sandal Vinci....mung nemu siji sing oke....!!!!( model lan regane....),nukokke pesenan topi kancane bojoku....karo golek jam tangan murah kanggo pembantu sing jogo omah. Awan'e aku bali hotel jebul anak lan bojoku wis teko anakku crito yeb ning kono...hawane adem...tiwas mau ora di gawake jaket,anakku crita yen mau numpak Cable car,lan foto-foto ning panorama sak ndonya ono ...mulai menara eifel,big ben lan liya-liyane.anakku sng nomer loro Miki crito yen mau mangan ning kono Nasi goreng kampung...sin rasane tenan kampungan tur larang ....embuh opo maksude. Amergo kekeselen anak-anakku langsung keturon...tangi sore anakku ngajak numpak monorail....embuh saking gumun'e utowo kesenengen bocah loro mau ora gelem meneng ning jero monorail ngoceh terus karo thingak-thinguk ndelok kiwo tengen..lan njajal nggandul ning cekelan tangan....mudun stasiun bukit nanas banjur mlaku ning Kl tower njajal munggah nanging udan deres marakke kabut dadi ora iso bebas pandangane. Kateg ning Kl tower banjur mangan , pisan iki menu India sing dadi pilihane....roti prata lan kare sing disenengi anak-anakku ...aku karo bojo ku empet-empetan ambegan mergo ora doyan mambu kare...sanajan murah 12 ringgit sak ngombe ne. Tekan hotel anak-anakku sambat ngantuk...bubar tak salin'i mapan turu kabeh tapi tak peseni yen arep tak tinggal karo bojoku...golek mangan...ok...sak wis'e mesthekke kabeh ok ,banjur tak tinggal.Aku mangan sop buntut seger ono tenda kaki lima ning sak tengen'e hotel enak tur seger tenan,lha ternyata suasanane podo ning Yogya ono pengamen lan wong njaluk sumbangan...(kategori ne ngemis dudu ,...ya...?
Isuk e , mlaku-mlaku ning Sunway lagoon,budhal numpak monorail soko stasiun titi wangsabanjur mudun stasiun KL sentral....disambung numpak sepur KTM Komuter...mudun stasiun Subang Jaya,tekan stasiun sambung numpak bis kota...sing(elek) tapi resik...karo Aspada(bis kota Yogya) sik apik Aspada...tapi ning Malay bis'e resik mudun ning Sunway lagoon pemandangan sing ketok dhisikan o iku Mall sing gedhe banget,kolam renang jebul ono ning sisih mburi bangunan....mergo wis pesen tiket disik aku ora perlu antri. dibandingke water boom bali Sunway pancen luwih gedhe nanging yen di deleng soko nilai seni lan artistik...weleh kalah adoh luwih nyeni Bali(Bali pancen OYE...!!!) sing jenenge bocah mesti seneng wae keceh lan...dolanan banyu,sak wise mentas bocah-bocah podo njaluk di TATTO gambar sing lucu-lucu....keroso luwe kabeh ringkes-ringkes banjur mangan ning Mall,ora mangan ning Resto ne kono amarga pengalaman ning Genting Wingi yoiku rasane masakan ora karu-karuan...tiwas ora kepangan
Ning mall mangan ningHartz chicken...nuruti karepe bocah-bocah....mangan sak warege...maklum luwe bar renang.
Bali tekan Hotel kiro-kiro wis Jam 6 sore,banjur ringkes-ringkes amarga isuke meti bali sing marakke repot pesawat AirAsia tujuan Solo budal isuk kiro2 jam 6,kamongko perjalanane soko hotel menyang Kl sentral banjur LCCT kiro-kiro 2.5 jam, mulo jam 2 bengi wis ditangekne kabeh jam setengah 3 isuk banjur budal kabeh....Moto ngantuk tapi yo arep kepriye maneh...tekan LCCT banjur langsung Boarding ...bocah2 njaluk ning kamar mandi naaa iki sing nggawe kelingan ...dulur...dulur...jam ku ucul,tibo nanging aku ra kroso alias Ilang...ihik...ihik...ayo sopo2 sing nemokne jam ning Toilet Putri Lcct merek Guess, cilik ,tulung di balekne kuwi hadiah Ulang tahun teko bojo ku jeeee.....
Pas jam 6 isuk pesawate banjur budal..kiro-kiro jam 9 wis tekan Solo. Kl kapan-kapan aku teko meneh akeh panggonan sing durung tak tekani.....enteni yooo