Wednesday, May 30, 2007

Bocah pinter







Ibu : Lexy....sopo sing njupuk jajan ning piring iki

Lexy : Kulo bu...jajane kulo paringaken lare keluwen.....

Ibu : weee laaah bocah pinter..., la mbok weneh ke sopo...?

Lexy :...nggg Kulo piyambak bu....

Monday, May 28, 2007

Mlaku-mlaku ning Malaysia












Sak tenan ne judul sing cocok "Piknik tanpo sengojo ning Malaysia" kok yo ndilalah anggon ku kaping pindo neng Malaysia tanpo sengojo lan tanpo persiapan sing mateng tur tenanan
Sing kaping sepisan iyo kuwi mergo melu bojoku sing ono meeting ning Kuala Lumpur seminggu suwene ,wiwit tanggal 23 april 2006 nganti 29 april 2006 ,karep ben ngirit biaya...budal soko bandara Juanda aku milih numpak Air asia....murah lha mung 380 ewu rupiah...tapi tetep wae sing nggawe mangkel iyo iku olehku mbayar Fiskal sing sak yuta sak uwong ...wis jan nggawe mangkel...lha piye oleh ku ora mangkel wong ongkos montor mabure luwih larang fiskale...jan...jan'e ki kanggo opo to duwit fiskal kuwi,tenan ki aku ora legowo ngeculke duit sak yuta ping loro....kanggo aku lan bojoku...yen di pikir-pikir..wong bandara lan sarana dalan lan sapanunggalane ning Indonesia yo ngono-ngono wae...mbok rancangane Pak SBY sing jare Indonesia arep bebas Fiskal ndang dilaksanakke ...kareben wong sing arep ning luar negeri ora mangkel atine
Tekan LCCT bandara ning Kuala Lumpur sing kanggo penerbangan murah kiro-kiro jam 2 awan....byuh...byuh ....panase...rek...wis ngono mlakune adoh tur kudu nurut garis ora entuk manyak utowo motong garis ben ndang cepet tekan nggon iyuban...batinku karo nggrundel...jare bojoku...wis talah ma...wong murah kok njaluk enak....lho opo salahe nek murah iso penak iku jenenge tenanan leh menghargai konsumen,sesuk maneh yen numpak Airasia tur kiro-kiro tekan LCCT awan ojo lali nggowo Kudung utowo Payung...yaaa...ben ora gosong....


Olehe ning tengah kutho disambung numpak bis abang sing karcise yo tuku ning njero pesawat, wetune numpak bis kiro-kiro rong jam setengah wis tekan Stasiun KL sentral. Soko kono iso diteruske numpak LRT utowo Monorail ...numpak taksi anggere pinter nganyang yo ora opo - opo.,aku nginep ning Hotel Vistana daerah jalan Lumut pas ning ngarepe stasiun LRT,Monorail Titi Wangsa lan sebelahan karo terminal bis sing jurusan ning Genting...
mumpung isih sore aku njajal mlaku-mlaku numpak LRT Star sing jurusan Sentul timur-Ampang utowo sentul timur -Sri petaling...mudun ning mesjid jamek terus disambung numpak LRT Putra mudun KLCC...wis tekan Suria KLCC ono ning kono menara kembar Petronas...lan toko-toko maklum suasanane persis ning Plaza-plaza Indonesia...rame , tinimbang sumpek ndeloki menungso..podo menungso...banjur aku metu golek pemandangan liyo....untunge Tamane gede resik tur apik....tapi sing aku isih mikir tekan saiki oleh opo to kok jenenge toko gede kuwi mesti bangsane...Matahari ,Suria(suryo...Maksude),suk meneh mbok terus terang wae di wenehi jeneng "Srengenge..".....hehehe sing tuku ben kepanasen kabeh
Isuk'e bubar sarapan ning hotel amergo ditinggal bojoku meeting tekan sore...aku banjur njajal mlaku-mlaku dewe,tujuane genah ning
Petaling iyo iku pecinane Kuala Lumpur ...kiro2 budalku jam 9 soko stasiun Titi wangsa mudun stasiun plasa rakyat ,tekan Petaling akeh toko sing durung bukak...weleh awane....jare wong sing tak takoni ramene mengko jam rolas awan munggah ....weleh...weleh....yo mubeng-mubeng wae karo ndeloki wong dodolan sing kiro-kiro aneh, aku nemu wong dodolan pia lan pie ayam sing hueeenak...tenan mergo krungu pelayane ngomong jowo aku yo takone nganggo boso jowo...piro mbak siji....hihihi...wong'e kaget...".looo buk sampean wong jowo ta..."....(logat meduroan)...aku njawab" Iyo mbak" ....,"regane siji telung ringgit sampean tuku piro...?" karo ngobrol macem2 aku sakjane tuku 3 tapi karo mbak'e diwenehi 5 tapi dilaporke ning kasire mung 3...,hehehe hidup...!!! boso Jowo. Nek kanggo sedulur sing muslim takon disik ya isine soale ono sing isine mengandung Babi....yen kanggo aku isine opo
wae ora masalah...anggere dudu suket.
Kiro-kiro wayah mangan awan aku mangan ning salah siji rumah makan sing dodolan bebek panggang...rasane standar koyo lumrahe bebek panggang,kios kaki lima ning Petaling wis mulai rame...karo ngenteni aku tuku buah Berangan sing di sangan koyo wong nggoreng kopi,aku ra ngerti boso jowo ne opo buah kuwi...yen boso Inggris 'e nek gak salah Chest nut ...???,ning kono wong dodolan opo wae ono mulai tas-tas Aspal (asli tapi palsu),klambi ,kembang,buah-buahan,arloji...pemborong kraft tangan( iku lo toko grosir kanggo barang-barang kerajinan tangan)...sampek wong dodolan gereh yo ono...aku nyedaki wong dodol buah sing ono tulisane SALE...Mangga Pelam ...2 ringgit sahaja...wong wis mangga kok isih pelam....wealah mangga iku lak boso jowone pelem....jebul podo jeek..!!.

Dino ke 2 aku sengojo tangi rodo awan....weeleeh bojo ku wis rapi padahal ning Indonesia isih jam 6 isuk...ono pelatihan lan meeting meneh ...aku ancer-ancer arep lungo jam 11 awan wae....,tujuanku iyo iku plaza Bukit bintang ...aku budal soko stasiun Titi wangsa numpak monorail mudun plaza bukit bintang....akeh turis sing mlaku-mlaku mrene sing podo golek oleh-oleh....ning Plasa kene ono toko souvenir sing lumayan gede....tapi sing rodo ngawe gelo lagu sing di puter lagu soko angklung lan gamelan sunda...mbok yo...nganggo gamelan Malaysia dewe....opo ora nduwe....mosok ning Malaysia pusat oleh-oleh pisan, lagune ampar-ampar pisang, es lilin,butet...weleh...weleh...mateni niat tuku oleh-oleh. Yo wis akhire aku mung tuku sepatu lan sandal Vinnci....wis kadung tekan Malaysia yen ora tuku opo-opo yo rugi.

Dino ke 3 karep ku arep leyeh-leyeh wae karo ngenteni bojo ku pelatiahan,timbang nganggur aku ngajak ngobrol cleaning service 'e hotel Jenenge Kak Roos.Omahe ning Gombak ,bojone kerjo dadi Satpol PP Kuala Lumpur..." kakak ni kerje kerane ramai anak"(lha jenenge bocah mesti wae rame...rame senengane)...jebul maksude "anak'e akeh"....hehehe,kak Roos ngandani yen arep shoping murah ning jalan raja laut akeh grosiran ,ning kono istilahe pemborong.....yo wis akhire aku sidane metu mlaku-mlaku meneh numpak LRT mudun stasiun Putra WTC,mung ngliwati sak stasiun cedak ya...sak jan"e mlaku yo iso....karo mlaku aku ndeloki neng arah daerah tiong nam bener akeh toko sing nganggo tulisan pemborong alat2 rumah tangga,pemborong Barangan am (?),ning salah siji toko sing pojokan aku njajal mlebu ...weleh jebule tenan kabeh barang-barang sing di edol ning kaki lima ono kabeh ning kene...lan regane weeelaaah murah tenan,Sarung bantal kursi(cusion) sing ning petaling siji regane 15 ringgit ning kono 5 ringgit tapi paling sithik tuku 6 yo ora opo-opo,werno ne milih macem-macem...wadah tissue model cino...sing biasane ning Singapura regane 10$ telu...ning kono mung 2.5 ringgit paling sithik tuku 6...yo lumayan kanggo ngoleh-olehi sedulur-sedulur sing tunggu omah. Sesuk yen sempat ning Malaysia meneh iki mesti dadi panggon tujuan tuku oleh-oleh murah meriah. Mlaku sithik ning jalan raja laut aku nemu toko pemborong makanan...njajal mlebu isine lumayan, akeh jajanan kanggo bocah-bocah cilik..model-model permen,coklat,wafer sing murah meriah kanggo ngoleh-olehi anak lan keponakanku.

Dino ke 4..penyakit kangen panganan Indonesia ku kumat...bosen sak ben dino mangan nasi ayam,nasi lemak,roti prata,bebek panggang,nasi kandar...akhire dino iki aku ancang-ancang golek panganan Indonesia....wingi pas numpak monorail motoku sempat ndelok tulisan mee ayam soko stasiun chow kit...naah saiki tujuanku arep mrono mbuktekne bener opo ora sing tak delok wingi, numpak monorail mudun stasiun Chow kit,mudun stasiun ,nyebrang jebul tenan ono rumah makan mee ayam dan mee bakso....(tulisane ngono kok) pelayane ramah,dadi kelingan karo Sayuti ning Sitkom OB, kakak nak makan ape...?...tak jawab...mie bakso ne ono mas....wong,e keplengong trus ngguyu...woalah bu ..kulo kinten cino ,...jebul wong jowo...ibu mesti turis nggih...

Yaaah mie baksone lumayan timbangane ra ono, menune reno-reno soko lodeh nganti balado,model prasmanan,soko bocah kuwi...lali aku jenenge di critani yen daerah kono kuwi jalan tuanku abdul rahman akeh kumpulan wong Indon...gak suwe lamat2 krungu lagune Didi kempot soko kios jamu ning sekitar kono ...akhire aku mlaku-mlaku sithik,bener akeh kios sing dodolan jamu mulai anggur cap orang tua ,air mancur nyonya meneer , jago lan sing paling akeh Tolak angin,lagu buaya darat ratu saut sautan karo didi kempot...weleh

Dino ke 5 aku ning pasar seni ...numpak Lrt mudun plaza pakyat mlaku.(akeh) lumayan kemeng ning sikil...ndelok-ndelok sanajan jenenge pasar tapi panggone resik tur adem ono ac ne.yen gelem mbanding-mbandingne lan tahan isin nganyang...iso entuk kaos murah... aku entuk 7 ringgit siji ...yo tuku akeh pisan,akeh barang sing podo karo sing di edol ning Malioboro...ono nasi ayam enak ning lantai 2...lumayan tinimbang sing liyane...

Dino k 6 Bojoku wis bar pelatihan timbang bosen mlaku ning Kl ayo ...lungo wae ning Melaka....numpak Bis soko terminal bis Pudu Raya...kiro2 rong jam setengah tekan melaka...kuto ne cilik tapi resik...model omah-omahe koyo ning Indonesia ...mudun soko terminal bis Melaka sentral ganti numpak bis kota sing weleh-weleh...tuweke...sumpah isih apik bis kota yogya...bis taun 70 an yaaa...kutho ne apik tur akeh taman sing ombo-ombo, pemerintahe temenan olehe njogo lan nglestarekake bangunan-bangunan kuno.

mudun ning taman sejarah...karo ndelok2 musium sing ono....bola bali liwat becak melaka sing unik tur rame hiasane...sak jane pengen numpak tapi isin...

gerejo crist curch melaka ngelingke aku ning grejo ku GPIB marga mulya Yogya sayang yen ning yogya ke indahane ditutupi tenda pedagang kaki Lima Malioboro ...ihik...ihik....ning melaka mangan rojak lan ngombe es dawet....persis koyo ning jowo cendol'e

Balik ning terminal melaka sentral aku numpak bis maneh....nah nek sepisan iki jan lengkap penderitaanku...wis bis'e tuwek supire...koyo wong bar loro stroke...penak tenan....bis,e muteri kabeh dalan sampek mlebu tekan perumahan-perumahan...lumayan diajak mubeng-mubeng...tekan Melaka sentral wis jam 6 sore , ,terminal'e kebak uwong ...karcis bis neng kabeh jurusan entek...lha piye baliku ning KL tuku ning Calo (kok podo karo Indon) larang 7 kali lipat....kari ndungo mugo2 ono bis tambahan....untung ono wong 2 sing batal yo wis tak genteni jam 8 bis'e budhal tekan KL wis bengi awak pegel linu tur mambu kabeh...padahal durung ringkes- ringkes sesuk isuk mulih.....

Njajal nGawe Blog











Aduh angel'e arep njajal nggawe blog....kanggo mbagi-mbagi pengalaman lan crito-crito sing wis tau tak alami.
ono pirang-pirang alangan sing tak rasakne ...kuwi kabeh ora ndadekke aku ceklek ati utowo gelo...ning sing jelas alangan sing paling gede yo iku mergo bodo lan ndableg'e aku bab sinau teknologi anyar....
Sengojo aku nulis blog iki nganggo boso Jowo ngoko....amargo wis akeh sing wis pada nulis Blog nganggo bahasa Indonesia...la aku dewe ngrumangsani yen saiki..akeh wong Jowo sing koyo aku tan soyo suwe tan soyo bingung lan ora iso nganggo boso leluhurku dewe yo iku boso Jowo,amargo bab kuwi mau aku nyobo nulis nganggo boso Jowo paling ora aku melu nglestarekake...nganggo boso Jowo...bilih wonten menopo kathah kalepatan anggenipun kulo nulis ....inggih nyuwun gungipun pangapunten...lha kulo blajar...jeeee
Kanggo konco -konco sing sengojo utowo ora sengojo gelem moco blog iki ayo rame-rame omong-omongan nganggo boso jowo liwat e mail...



Gegojeg'an

Koplo

Paijo: min paimin ayo mancing iwak min...
Paimin: emoh...wong aku arep mancing iwak kok....
Paijo: Oh yo wis...tak kiro kowe mau arep mancing iwak...????!!!!


Lapor polisi

+ Ning wit asem ono Manuk Blekok telu, di bedil siji mati, sing loro neng ndi...??
_ sing loro lapor polisi mergo ono Rojopati