Wednesday, July 11, 2007

Bongso Pengeyelan











Anggon ku nulis judul iki karo mangkel tur setengah aras-arasen...mangkel amargo pirang-pirang kedadeyan menowo aku maneh lungo menyang luar negeri... duh Gusti sing sepisan iki anggon ku mangkel tan keno di ampet maneh megel ne



Dek tanggal 29 July kepungkur aku lungo menyang Bangkok Liwat Kuala Lumpur...numpak Air Asia...la wong sanggupe yo numpak kuwi Jeee...murah tur meriah barengan TKI sing arep kerjo ning Malaysia...polah serto polatan TKI sing arep budal werno-werno...ono sing ketok sumringah...ono sing katon aras-arasen ono sing katon keweden ugo ono sing kemlinthi kabeh tumplek blek ning ruang Keberangkatan bandara Adi Sumarmo Solo



Cerito iki sak jan e mulaine wektu pas kabeh ono panggilan enggal mlebu pesawat,ground crew sing teko bangsa ne dewe ke itung cukup sumeh lan aweh pitulungan karo uwong sing durung kulino numpak pesawat...nanging yen wis mlebu ning sak njerone pesawat lhaaa kuwi....mulai so ko....eseme pramugari sing katone terpaksa tur ora ikhlas....katone yen kudu nglayani TKI lan sing utamane yo iku Bangsa Indonesia.....katon menowo rego sing dipasang ngluwihi rego pasaran hargadiri bangsa Indonesia...katon yen luwih kepengen ngaton ake menowo...iki lo bangsaku sugihhh iso mbayari lan menehi pegawean marang bangsa mu sing...ora iso opo-opo kuwi...ndeso ...katro....culunn....embuh opo mergo iki perasaan ku dewe yo....
Aku dewe yo ora maido menowo wong-wong sing budhal golek penggawean ning negoro liyo iku sing akeh yo tingkat pendidikan ne rendah...dadi marakke kadang olehe nyerap werno-werno pengetahuan lan peraturan rodo kurang tanggap...tapi iku yo dudu masalah anggere anggone ngandani lan mernahke ora nganggo di getak-getak....harga diri bangsa jeeek ajuuur....
Pramugari mulai rodo ngguya-ngguyu anggere wes mulai nggon nawake barang utowo panganan sing kudu di tuku yen ora pengen keluwen.... ilingo jek gak ono TKI gak payu pesawat sampeyan. Tekan LCCT nah...iki mulai drama...penghinaan sing sak tenan e.....mulai soko pertama dikon baris antri karo di getak-getak mbuh pulisi...mbuh satpam e kono....banjur oknum pegawai imigrasi sing raine...asliii judesss...(bu/mbak...sampeyan nek praupane koyok ngono asli...ning kampungku gak payu rabi sampeyan...tenan iki....) neng sak naliko malih mesem yen sing di layani...pelancong...alias turis....walah nemene nasib bongso ku....harga diri bangsa sing kelindes....kurang ajare....bongsoku di hina ...dianggep goblok kabeh...di anggep melarat kabeh....loro atiku iki....naliko ndelok nganggo moto ku dewe olehe bongso liyo mecuconi...mbengoki...nggetaki...nggoblok-nggobloke. iku ngono sak jane ora luput soko perlakuane bangsane dewe naliko isih neng negarane dewe
la kepriye wong yen ning negarane dewe perlakuane petugase yo podo wae, ojo meneh kok pemimpine...walah malah blas gak mikiri...piye nasib rakyate....devisane tok gelem mikir nasibe...yo embooooh.
Lha kepriye bongso liyo ora terus ngenyeki lan ngidak...ngidak hargadiri bangsa Indonesia....cobo berita sing akhir-akhir iki koyo " armada penerbangan dari REPUBLIK INDONESIA dilarang mendarat di seluruh negara uni eropa karena tidak aman."........nelongso jan nelongso wis di enyek di etrek...etrek.
Ngono lo kok yo tega-tega bapak-ibu pemimpin olehe podo eyel-eyelan ..ning DPR ,ning pemerintahan,podo repot olehe arep nyeblok ke presiden,wakil presiden,ono sing ngeyel njaluk mundak gaji,njaluk tunjangan iki-kuwi,protes kebjaksanaan presiden mergo ora iso njupuk untung dewe-dewe, malah podo repot mbahas syarat-syarat calon presiden sing jare ora oleh lulusan SMA thok kudu sarjana....walah ...pakk...buuuuuu,kok malah eyel-eyelan barang gak mutu. Kae lo pak,bu bongsone dewe arep mati mergo di idek-idek bongso liyo,negarane dewe di enyek entek-entekan...endi to sing jenenge nurani opo nurani panjenengan sampun tilar ndonya sedanten.
Lha panjenengan menawi tindak luar negeri nganggem pesawat VIP,pisan-pisan pak-bu panjenengan ngaggem pesawat murah meriah barengan kalihan TKW...panjenengan pirsani piyambak kalihan di pun rasakaken abote nyambut gawe ning negoro liyo karep nyambut gawe ning negarane dewe nanging ora ono lowongan kerjo walah.............
Ngunggahke harga diri bongso???.... iku pitakone...iso opo ora....??? sak iso-isone ayo di usahake...konco kabeh sing sempat moco blog ku mulai soko awake dewe-dewe....pahlawan sing merjuangke kemerdekaan bongso ben ora nelongso olehe korban nyawa nganti mati kanggo ngangkat derajat bongso iki....ayo konco-konco dadekno bongso iki ngadek meneh harga dirine...ning antarane bongso-bongso liyo,aku yakin mesti iso.
Terakhire hehehehe iki penutupe...bareng wis tekan Bangkok aku keluwen terus mangan(pancet wae....) aku tuku panganan sing di arani ketan mangga walah enak tenan....ketane pulen lan wangi pandan, empuk mak nyus,pelem e yo legi renyah mak nyus tapi ketane pancen enak tenan..............ooooo pantesan pak Habibi wani ngijol ke ketan iki karo pesawat hehehehe. ternyata ketane pancen enak...jek..., ...ati-ati mangan ketan keselek baling-baling.......hihihi