Sunday, June 29, 2008

Pitutur Budaya Jawa




Aja ngece wong ora duwe


Aja gegedhen Rumongso


Aja Adigang,Adigung,adiguna




Jangan menghina orang miskin


Jangan terlalu besar perasaan


Jangan suka pamer jabatan


Jangan suka pamer kekuatan


dan memamerkan kepandaian


Aja kuminter


Aja Kareman


Aja Ambeg siya
Jangan sok pinter


Jangan terlalu menuruti kegemaran


dan jangan sewenang-wenang














Wednesday, March 26, 2008

Palu-Arit













Tembung tembung larangan

Sumpah ndek pas cilikan ku(sak jane yo sampe' saiki) aku wedi karo sing jenenge tembung Palu Arit,genjer-genjer, PKI,Gerwani.....sopo sing marakke aku dadi wedi kabeh tetembungan kuwi....haaaa wis iso di bedhek to sopo maneh yen dudu jamane pemerintah orde baru,mbuh ngopo kok pas jaman kuwi gencar banget olehe kampanye anti PKI,saking gencare ora mikir2 piye dampake kanggo bocah2 sa umuran ku sing babar blas ora ngalami jaman geger taun 1965
sing tak iling yo kuwi peksoan nonton filem " pengkhianatan G 30 PKI " sing sak iling ku critane ning kono Pak Harto dadi Pahlawane...nanging Filem me akeh-akehe nganggo seting peteng...surem , remeng-remeng...halah dasare aku bocah weden...tapi sing hebate meh saben tahun terus-terusan nonton filem iku ...mboh kuwi nonton bioskop utowo nonton TV
Nanging amargo nonton filem kuwi aku nduweni trauma anggere krungu tembung-tembung sing tak sebut ning nduwur mau.Wis ngono asal ku teko Mediun meneh, anggere kenalan ,banjur ngerti yen asal ku Mediun mesti disauti...Madiun.?..PKI ya.....( bathin ku aseeem...ki ...lha nek iyo nyapo...)
Aku dudu anggota PKI..semono ugo aku dudu simpatisan PKI wong miturutku dewe soko sejarahe lan buku2 sing tak woco teneh PKI iku sak jane partai yang gagal....buktine neng negoro-negoro sing berpaham komunis...,komunisme dewe wis ditinggal karo rakyate
Sing tak gugat neng kene yo kuwi olehe kampanye Pelaku-pelaku ORBA ,kampanye sing tenen-tenen nyebabke Trauma anggere krungu tembung utowo tanda gambar sing ono kaitane karo PKI, situasine podo karo menowo panjenengan nate moco buku Harry potter,neng donya sihir kono anggere nyebut jenenge musuhe "Lord Vodelmort" ora ono sing wani , luwih seneng di wenenhi julukan "Kau Tahu Siapa.....",opo yo panjenengan ngrasak ne podo karo sing tak rasak ne yen sak tenane pemerintah orba kebablasen anggone mengkampanyekan anti Komunis...? opo yo sakjane tujuan kampanyene iku yo kanggo mengkultuskan salah sawijining Individu yoben olehe madeg kuoso ...iso langgeng lan terus2 an tanpo mikiri dampake kanggo menungso liyane...???


Trauma barang gak jelas
Aku isih kelingan menowo aku isih cilik...simbah ku blonjo genjer ning bakul sayur...banjur pembantuku takon ...mbah genjere bade dimasak nopo..?...simbah ku nyauri karo bisik-bisik...ssstt..sttt...Sam ...Samini leh mu omong genjer ojo banter-banter sam....ra penak dirungone tonggo...!!!..aku plongoan tapi yo ra ngerti maksude kenopo mbak Sam gak entuk omong genjer banter-banter....
Salah sawijining dino aku ngerteni mbah kakung ngebongi buku-buku lan koran sing ono gudang umurku kiro-kiro 5 taun ...tahun 1976 iki buku2 lawas jare simbah mergo ono ning salah sijining majalah koran lan buku bekas kuwi gambar "palu arit " pitakon ku neng mbah kung...iki gambar opo mbah...di sauri nganggo tembung...husshhh...kono ngalih ojo ngrusuhi....akeh bledug ke ...aku sing isih nekad takon iki gambar gendero opo ..malah dipentelengi....
Mbareng wes gedhe aku lagi faham ngopo kok tembung "genjer" , PKI, palu arit,Gerwani dadi tembung terlarang...halah...halah....
aku dadi mikir rodo nyleneh cubo nek lambang PKI iku wit ringin utowo pari....halah teneh.ning aloon-aloon lor Yogya kae ra ono ringine wes entek di kethoki utowo ditebangi....nek lambange pari ciloko meneh teneh awake dhewe ki mangan opo...lha nek sing di nggo propaganda PKI lagu Manuk Dadali ciloko maneh kih...kabeh manuk mung dipateni alias di bantai....aku sih gak opo-opo aku gak duwe manuk...sing melas bojo ku de'e kan nduwe...(maksud'e ngopeni manuk derkuku...) hahahaha....


Pancasila sing (ora) Sakti maneh

Era reformasi ono pirang perkoro kang akhire ndadekne wong sing maune wedi ngomong tembungan -tembungan sing ono kaitane karo PKI dadi rodo wani, njajal yen tulisan iki tak posting biyen jaman orba....aku bakalan langsung keno cap PKI utowo yen saiki sing lagi ngetop di cap neo PKI, halah...halah nanging yo akeh lo kenalan utowo kanca-kanca sing sak umurku isih wae tetep ngemu roso...piye (lha piye..?) roso gak penak menowo mbahas masalah PKI sanajan mung diskusi utowo omong-omongan biasa,wedi yen dikiro yo kuwi mau anggota neoPKI bek-bek'e....hahahaha...
Padahal pas ndek jaman kuliah sekolah nganti kuliah mbiyen anggere melu (diwajib ne melu) penataran P4 aku mesti entuk juara lho....padahal saiki aku ngrasakne penataran kae ndisik kok yo ra ono artine...wong negara ne pancet morat-marit...lha pejabate ndisik ki piye to olehe podo melu penataran aneeeh....ora podo apal pancasila opo...? sing jarene Sekti kanggo ngadepi kabeh situasi bongso sing ono jurang bahaya.... jebul Pancasila ki yo kalah karo koruptor....karo illegal loging,karo penguoso.....
kudune kasus lapindo kae yen miturut jaman penataran iso diselesaikan dengan musyawarah dan mufakat ...iku mencakup sila ke...piro mbuh ...wong buktine yo sampek saiki ora bubar-bubar....yo ora musyawarah...opo meneh mufakat...halah...pancasila neng ndi to kowe...jarene ndisik sekti saiki opo yo sik sekti...??


Uji nyali

Akhir januari aku menyang Vietnam....oleh ku nekad mrono mergo saking roso penasaran piye to sak jan-jane...negoro sing bekase komusis kuwi....disamping darah mediun sing njaluk diwaregi nggone penasaran karo mbukak poros Mediun ---Hanoi...hhahahaha..PKI banget....
Jebul tekan kono akeh banget gendero palu arit walah...walah...teng tlecek ning ndalan- dalan....
niat ku pancen arep nguji awak ku dewe sepiro olehku gumun deg-deg an , penasaran pengen ndemek lambang palu arit sing ning indonesia wis dadi barang langka..lan ndadekke persoalan sing dowo tanpo upomo.
Pertama nyekel bendero palu arit rasane piye yo...aneh deg-degan koyo nek arep disuntik heheheee....bareng wis tak cekel tenan jebul ra opo-opo biasa-biasa wae....ora nyetrum...
semono ugo genjer sak kembange...yo biasa biasa wae wong pancen enak yen di oseng karo teri.....
mugo-mugo tembe dino lagu genjer-genjer yo enggal ono sing nyanyi disiarke ning radio lan TV koyo lagu-lagu liyane....