Isuk kang adem lan sepi....koyo biasane tandang gawe ne uwong sak omah kang ubek....nyiapne kanggo keperluane dewe-dewe...sangu kanggo nglakoni pegawean kanggo awan mengko,kabeh kudu dipersiapne kanti temenan.
isuk kang ayem sak wise bocah-bocah ku mangkat sekolah,wektu paling pas kanggo nerus ke turu....nanging nyonggo tanggung Jawab ngopeni bocah akeh ning omah ora biso sinambi leha-leha utowo enak-enakan,kepiye mangane bocah-bocah lan konco-konco mburi kudu di pikirne
Manggon ono ing kawasan sepi ono enak lan orane ...yen penak e mestine wis iso dikiro-kiro dewe opo....tapi yen orane yo iku salah siji masalah blonjoan....janganan...panganan ...sing iso di arani kebutuhan pokok wong sak omah...durung meneh yen ono tamu sing nginep walaaaah kudu sedio akeh,nanging wong jenenge wae ketamon onone yo mung seneng ora perduli olehe masak dadi dobel.
Laa ning kene iki olehku arep cerito ,ono salah siji bakul janganan sing dadi langgananku,(ono loro lanang ,karo wadon)..naaa sing arep tak critake iki sing lanang...embuh tekan ngendi muasal e...kok moro ono bakul janganan sing bengok-bengok ning ngarep omah.....mbengok e ora "sayuuuurrr....sayuuuuur" koyo adat e....nanging mbengoke..."wadooooowwwww.........wadooooouuuw.....",opo maksud e, sampek dino iki aku yo ora weruh,yen tak critake dedeg e ,bocahe sak jane ora pati menarik....kuru meyeyet cenderung melasi alias katon ora ndayani,nanging polahe jan pecicilan nganti bojoku takon ,"anak e sopo to kuwi ma kok olehe polah ora karu-karuan?", la yo atase bakul janganan kok polahe koyo jathilan. masalah jeneng yo ngono ...embuh kok yo ora ono wong weruh jenege sopo,mung aku sok menehi julukan utowo yen nyeluk dewe'e "Nidji" ,perkoro anggonku menehi jeneng "Nidji" iki mesti yo ono alasanne,alasan sing jelas
1) aku ora ngerti jenenge bocah kuwi
2) Rambute kriting kribo mumbul koyo Giring penyanyine grup band Nidji
3) polahe pecicilan yo koyo penyanyine Nidji yen lagi manggung, lagune ra sepiro 'o tapi gayane byuuhhh....byuuuhhh....
Amargo 3 alasan kuwi aku banjur njenengi dewek e "Nidji",wis mbuh jeneng asline sopo ojo takon.
Carane Nidji dagang iso di arani unik lan kelebu coro dagang strategi anyar yen boso bocah saiki Inovasi baru...ngono yooo. Kabeh dagangan ne di bunteli cilik-cilik nganggo plastik di wenehi bandrol rego mulai Limang atus,sewu,rong ewu nganti sing paling larang sepuluh ewu sak plastike.miturut jenis ...koyo bongso bumbon mulai brambang ,bawang, tumbar ,mrico,empon-empon...di bungkusi cilik-cilik roto-roto di bandrol limang atus nganti sewu. Jenis sayur mulai wortel,sawi,labu lan sak piturute di bandrol sewu nganti limang ewu. lha yen jenis lawuh-lawuhan mulai tahu,tempe pitik,lele lan sak piturute di bandrol rong ewu nganti lima las ewu,dadi deweke yen ngitung blonjoan kari ndelok pirang plastik sing di jupuk...praktis tapi megel ne, piye leh ora mangkel bayem sak unting sing biasane mung pitung atus yen wis di plastik dadi sewu... ora ono rego sing ganjil kabeh genep. Kok yo pinter olehe akal-akalan iku lho,kabeh diplastiki kanti apik , lan seragam olehe noto di gawe racak lan menarik. Strategi dagang sing patut di conto,karo bakul bakul liyane.
Walah yen teko suarane banter lan sok akrab anggone celuk-celuk wong sak ngomah...,'wadooooouw wadoooouwwww....yuuuhuuuu...belanja gak neeeeh"...logat omongane koyo wong Sundo...,wis ngono nek nyeluk aku yo podo awurane...kadang Tante,kadang ibuuu....sok-sok Umi...malah kadang bu Haji(...???!!!) coba to olehe ngawuuur..!!. Yen teko banjur mlebu dapur njupuk kranjang kanggo adah blonjo tanpo di kongkon...terkadang trus njaluk kopi trus nggawe dewe ning mburi karo nyanyi-nyanyi joged an dewe gak jelas karepe...tak umbar wae anggep wae hiburan nanggap Jathilan gratis.
Nanging akhir-akhir iki kadang klakuane njengkelke yo iku tekane mulai ora ajeg,soook isuuuk....sok awan...malah kadang ra teko tanpo kabar...weeela kadung di jagak ne ki njur piye to...dJiii...dJiii...
Saiki ono semboyan ning omah sing marakke ngguyu-ngguyu mangkel yo iku ,"Pagi kurang lengkap tanpa Nidji" jare cah-cah mburi
Dino...iki arep masak opo,dino iki lawuhe opo, oalah...Nidji-nidji...tak enteni tekamu....."wadouuuuwww...."
2 comments:
Ngapalaken Asmane Liyan Pancen bentuk Apreciate paling sederhana....
gumuyu rek, aku maca postingan iki. kangen ambek suasana kampung.
salam kenal mbakyu,
salwangga
Post a Comment